Minggu, 25 Januari 2015

LATIHAN SOAL BAHASA JAWA

UJIAN SEKOLAH
SMP NEGERI 1 SLUKE KABUPATEN REMBANG
TAHUN PELAJARAN 2012 / 2013


Mata pelajaran : Bahasa Jawa     Hari / Tanggal :
Kelas : IX (Sembilan) Waktu :


PETUNJUK UMUM :
  • Tulislah terlebih dahulu nama, nomor peserta, dan kelas pada lembar jawab yang tersedia!
  • Bacalah lebih dahulu setiap soal sebelum anda mengerjakan!
  • Laporkan kepada pengawas US kalau terdapat tulisan yang kurang jelas, rusak , atau jumlah soal kurang!
  • Kerjakan lebih dahulu soal-soal yang anda anggap mudah!
  • Periksalah kembali lembar jawab anda sebelum diserahkan kepada pengawas US.

  • SELAMAT MENGERJAKAN

    Wenehana tandha ping (X) ing aksara A, B, C utawa D wangsulan kang bener!
      Kanggo soal angka 1-3!
      Geguritan iki wacanen kanthi patitis!

      GANTILANING ATI
      Dhuh Gantilaning ati
      Menyang ngendi lungamu ora ana kang mangerteni
      Papan dunungmu tan ana kang mirsani
      Apa kang digoleki ing donya iki
      Kabeh wis ngrumangsani
      Urip ora suwe, ujare para winasis
      Urip mung sawetara
      Amung mampir ngombe
      Dhuh Gantilaning ati,
      Ing ngendi wae papan dunungmu
      Enggal bali
      Kabeh wis padha ngenteni
      Sawetara wektu
      Dhuh Gantilaning ati,
      Tumindaka kanthi setiti
      Aja mung grusa-grusu nuruti nepsu
      Kabeh prelu dipikirake kanthi nastiti
      Tembene ora ana rasa gela ing ati
      ……………………………………………………………………………………..
    1. Swasana ati panggurit geguritan ing ndhuwur yaiku ...
      1. ngresula
      2. kangen
      3. kuciwa
      4. seneng
    2. Urip iki diumpamakake kaya wong mampir ngombe. Tegese pratelan kuwi yaiku....
      1. sedhela
      2. sarampunge
      3. sacukupe
      4. sageleme
    3. Urip ora suwe, ujare para winasis.. Tembung kang kacithak miring tegese wong.....
      1. sabar
      2. sareh
      3. pinter
      4. grapyak
    4. Gatekna!
      1. Kedaling lesan cetha, pangucaping tembung bener, lagu wicara nengsemake
      2. Ndhingklung terus maca cathetan supaya ora kleru tetembungane
      3. Interprestasi (penjiwaan) nyakup kautuhaning isine geguritan
      4. Mimik, lagak-lageyan (gaya), lan obahing perangane awak pantes tur prasaja
      5. Swara kudu sora (banter) banget amrih kabeh wong bisa krungu
      Bab-bab kang kudu digatekake yen maca geguritan (deklamasi) yaiku ........
      1. (1), (2), (4)
      2. (1), (3), (5)
      3. (1), (2), (3)
      4. (1), (3), (4)
    5. Presiden SBY mratelakake, pamarentah nyepaki dhuwit 2 triliun kanggo ragad nanggulangi banjir DKI Jakarta(1). Salah sijine cara kanggo nyuda banjir taun ngarep yaiku kanthi nyudhet kali Ciliwung(2). SBY ngajab supaya masyarakat tansah njaga karesikan kali lan sakiwa tengene (3). SBY uga mundhut supaya pamarentah pusat lan provinsi gegayutan kanggo nyegah banjir taun ngarep(4).
      Tegese ukara katelu ing paragraf iku, SBY kepengin supaya pamarentah pusat lan provinsi ... kanggo nyegah banjir. Tembung kang trep kanggo ngisi ceceg-ceceg ukara kasebut yaiku ….
      1. Iren-irenan
      2. Salah siji sing mergawe
      3. Saiyeg saeka karya
      4. Sapa wae bisa mergawe
    6. Kyai Hamzah sregep mucal ngaos wiwit lare alit ngantos tiyang sepuh. Kyai Hamzah ugi asring ngimami sholat gangsal wekdal. Kejawi menika ugi ngrimat lan ngreksa karesikaning mesjid. Sedaya kalawau katindakaken kanthi iklasing manah. Sedaya warga dhusun nurut saha urmat dhumateng kyai Hamzah. Panjenenganipun saged dipundadosaken panuntun saha tuladhaning gesang ing bebrayan.
      Bakune rembug paragraf ing ndhuwur yaiku ....
      1. Kyai Hamzah nindakake kabecikan kanthi iklasing ati.
      2. Kyai Hamzah sregep mucal ngaos wiwit lare alit ngantos tiyang sepuh.
      3. Kyai Hamzah bisa nuntun lan dadi conto urip ing bebrayan.
      4. Kyai Hamzah sregep ngresiki mesjid.
    7. Pak Sukarman mergawe ing kantor POS. Saben dina pak Karman wira-wiri ngeterake paketan, layang, lsp menyang alamat kang entuk kiriman. Pegaweyane pak karman iku disebut….
      1. blantik
      2. playangan
      3. mrebot
      4. sontoloyo
    8. Semarang kaline banjir, ....................................... Cakepan kang trep kanggo njangkepi parikan ing dhuwur yaiku ...
      1. Wong becik, pancen sabar
      2. Aja sumelang yen ora dipikir
      3. Ayo padha ndelok banjir
      4. Golek ilmu ra sah kuwatir
      Semaken tembang Sinom ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakon angka 9 – 11!
      Sinom
      Urip kang sarwa prasaja,
      Aja suka nguja dhiri,
      Anguja ngunjuk lan dhahar,
      Tembene mblaeni,
      Kuwi kabeh den udi,
      Nggayuh kasarasan luhur,
      Ywa kendhat dha manembah,
      Marang ingkang Maha Suci,
      Rahayua slamet ndonya mring akherot.
    9. Ing gatra (larik) katelu, guru wilangan yaiku ....
      1. 8
      2. 10
      3. 9
      4. 12
    10. Pitutur luhur kang bisa dipethik saka tembang Sinom ing dhuwur yaiku ....
      1. Wong urip iku mesthi mati, mula kudu ati-ati ing donya lan akherat.
      2. Wong urip aja suka nguja ngunjuk lan dhahar, mundhak mblaeni.
      3. Wong iku kudu seneng olahraga.
      4. Wong urip kudu taqwa marang Gusti Allah.
    11. Manungsa ing ngalam donya iku aja padha kendhat anggone manembah marang Gusti Allah, supaya selamet ing donya lan ing akherot.
      Pratelan kang isine kaya ing dhuwur iki dumunung ing gatra ………
      1. 7, 8, 9
      2. 3, 4, 5
      3. 5, 6, 7
      4. 1, 2, 3
    12. Gatekna pacelathon iki!
      Pak Harjo : ”Ret, esuk mau kowe kok ora piket ta?.”
      Retno : ………………………………………………….
      Pak Harjo : ”Ya wis liya wektu ora pareng mbok baleni meneh.”
      Retno : “Matur nuwun Pak, sanes wekdal boten kula wangsuli malih.”
      Atur wangsulane Retno kang bener ing pacelathon iku, yaiku ...
      1. Kula lali Pak.
      2. Nyuwun pangapunten Pak, kala enjing kula bidhal sekolah telat.
      3. Kula nggarap PR.
      4. Kula lepat Pak.
    13. Tuladhane ukara patanya yaiku ….
      1. Soal-soal TPU iki garapen kanthi setiti!
      2. Dina iki Siswa kelas IX lagi nggarap soal TPU kanthi setiti .
      3. Dina iki siswa kelas IX bener nggarap soal TPU?
      4. Sanadyan rada angel, soal-soal TPU iki garap kanthi setiti.
    14. Urip ing bebrayan agung iku kudu sing rukun marang sapadha-padha, aja padha seneng padudon. Coba sawangen semut kae, senajan mung kewan cilik bisa nggawa cecak sing semana gedhene, iku jalaran semut kae rukun sakancane.
      Pratelan ing dhuwur cocok karo isine sesanti ………..
      1. Jer basuki mawa beya.
      2. Sapa salah bakal seleh.
      3. Sadumuk bathuk sanyari bumi.
      4. Rukun agawe santosa, crah agawe bubrah
    15. Ing serat Tripama patih Suwanda/Sumantri disebut pahlawan sebab rila ngurbanake telung prakara yaiku guna, kaya, purun kanggo negara maespati. Tegese tembung guna, kaya, purun yaiku ….
      1. Kapinteran, bandha donya, kesaguhan
      2. Bandha, kasetyan, nyawa
      3. Kapinteran, kabagyan, donya
      4. Kesaguhan lan tanggung jawab
    16. Lungguh ora sembarang lungguh, nanging lungguh kudu dijumbuhake karo ....
      1. keturunan, pendhidhikan, lan kabisan
      2. panggonan, wektu, kahanan, lan kaperluan
      3. kapinteran, pakumpulan, lan kalodhangan
      4. pakaryan (pagawean), jabatan, lan kalungguhan
    17. yen liwat ing sangarepe wong tuwa kang lagi lenggahan, ukara sing trep diaturake yaiku …
      1. kula nuwun
      2. sumangga
      3. nyuwun sewu
      4. nuwun sewu
    18. Tetesing banyu, bisa mecahake watu kang ketiban.
      Pitutur luhur ing dhuwur iki ngemu surasa ……………
      1. Ngupaya kanthi terus-terusan.
      2. Kanthi upaya kang tlaten, bakal ngundhuh asil.
      3. Nggoleka ilmu bakal kepenak uripmu.
      4. Sregep adus, nemu kasarasan.
    19. Bu Yani pancen seneng masak, anggere ana resep masakan anyar enggal-enggal dipraktekke. Bu Siwi uga nampa pesenan panganan, umpamane kanggo acara ulang taun, resepsi manten, rapat, lan liya-liyane. Masakane bu Siwi kondhang sedhepe, mula anggere wong padha ngrasakake panganane ditanggung ….
      Tembung kang trep yaiku ….
      1. padhang atine
      2. lunyu ilate
      3. alus ilate
      4. mogel ilate
    20. Ukara poster iku apike ...
      1. ukarane jangkep lan manut tata basa
      2. edipeni lan mumpangati
      3. Cekak aos lan gampang dimangerteni
      4. Runtut nganggo basa krama
    21. Ukara poster sing trep kanggo tema slamet saka kacilakan yaiku ....
      1. .
        BISA UWAL SAKA
        ANCAMAN GLOBALISASI
        JAGA ALAS
        INDONESIA TANSAH IJO
      2. .
        NGEDOHI NARKOBA -- GENERASI MUDHA
        MULYA TEMBE MBURI
      3. .
        NGEBUT !!!!!!
        BENJUT
      4. .
        Ayo maca ..... Sregep maca
        AMARGA MACA BISA
        MBUKAK LAWANG NDONYA
    22. Piwulang kang diparingake Prabu Rama Wijaya marang Raden Gunawan Wibisana kang isine bab ilmu pemerentahan (wolung cara sangune wong mrentah negara) arane …
      1. Serat Tripama
      2. Serat Kalatidha
      3. Piwulang Asthabrata
      4. Serat Wedhatama
    23. Brama iku werdine geni. Geni minangka pasemon tumrap napsune manungsa. Napsu ana werna loro, kang utama lan kang ala. Geni yen kegedhen urube dadi bebaya, semono uga napsu kang ora bisa diereh, bisa nuwuhake kacilakan tumrap manungsa liyane. Tegese pratelan iki, para pemimpin kudu bisa ……
      1. Rila legawa
      2. Bisa njaga resiking ati
      3. Meper tumindak ala
      4. Meper (ngendhalekake) hawa napsu

      Gatekna isi pidhato ing ngisor iki! (Kanggo soal angka 24 – 25)
      1. Assalamu’alaikum wr. wb. Nuwun
      2. Para sepuh, sesepuh, pinisepuh ingkang kula bekteni, Para kadang sutresna ingkang kula urmati.Keparenga kula ngaturaken sugeng rawuh, sugeng lenggah, sugeng pepanggihan lan mugi-mugi kanugrahaning Gusti tansah tumurun wonten ing jiwa angga panjenengan saha kula.
      3. Dene menggahing wigatos rawuh panjenengan punika dipunsuwuni berkah pangestu murih Mbak Dewi anggenipun mengeti ambal warsa (ulang taun) mimbuhi diwasaning pribadi. Mugi-mugi saged dados tuladhaning para mudha. Langkung-Iangkung sageda anetepi kekudanganipun Rama saha Ibunipun. Inggih punika saged dados tiyang ingkang utami bekti dhateng Rama-Ibu, sumungkem ing Eyang lan para pepundhen, mituhu dhateng agami, migunani tumrap nusa lan bangsa.
      4. Wasana, mbokbilih wonten kirang subasita saha sisiping atur, kula pribadi nyadhong agunging pangaksami. Matur nuwun.
      5. Wassalamu’alaikum wr. wb.
    24. Purwaka basa utawa pambukaning pidhato ing dhuwur, yaiku ……………
      1. (2)
      2. (4)
      3. (3)
      4. (5)
    25. Kang minangka panutuping pidhato ing dhuwur, yaiku ……………
      1. (2)
      2. (4)
      3. (3)
      4. (5)

      Wacanen pratelan-pratelan ing ngisor iki!
      1. Kepapag gurune ana ing dalan, ora bakal mlayu ngenthar, nyingkiri. Balik malah sareh mapagake sarta asung kurmat kanthi manthuk.
      2. Ketemu gurune ana ing toko utawa panggonan liya, ora ndadak ndhelik amping-ampingan wong liya, nanging panggah tenang kaya ora ana sapa-sapa. Yen gurune mriksani malah banjur asung kurmat.
      3. Tindak tanduk kang sarwa alus iku dianggep tindake wong kang jirih. Kosok baline, tindak tanduk kang kasar dianggep patrape wong kang kendel.
      4. Ana sajrone kelas, arep nyuwun pirsa wulangan, ora ndadak enggone ngaturi sarana suwat-suwit utawa tangane ngetheki kaya yen ngundang pitik kae. Nanging sarana ngacungake tangane sarta matur: ”kepareng nyuwun pirsa”.
    26. Patrape bocah utawa murid kang sopan lan ngreti tatakrama dumunung ing ukara ...
      1. 1, 2, lan 3
      2. 1, 2, lan 4
      3. 1, 3, lan 4
      4. 2, 3, lan 4

      Wacanen paragraf ing ngisor iki!
      Ana ing pamulangan, bocah-bocah saliyane diwulang kawruh liya-liya, becike iya diperdi bab tata krama. Upamane nalika teka mlebu sekolah ngadhep gurune, dilelatih matur: ”Sugeng enjing, Sugeng siyang utawa sugeng sonten” lan sapanunggalane, apese iya manthuk tandha aweh hurmat. Nalika kasep mlebu kelas, kamangka wulangan wis lumaku kudu matur dhisik, ora kena mbludhus bae mlebu kelas terus lungguh bangkune. Nalikane nuju arep metu saka kelas marga arep menyang pakiwan, upamane, ora kena ndadak metu mbludhus bae, nanging matur gurune dhisik: ”Bu/Pak Guru, keparenga kula badhe dhateng wingking.”
    27. Bakuning rembung (pokok pikiran) paragraf ing dhuwur, yaiku .............
      1. Nalika teka mlebu sekolah lan ketemu gurune, dilelatih matur: ”Sugeng enjing, Sugeng siyang utawa sugeng sonten” lan sapanunggalane, utawa cukup manthuk tandha aweh pakurmatan.
      2. Bocah-bocah nalika nuju arep metu saka kelas marga arep menyang pakiwan, kudu matur marang Bapak utawa Ibu Guru luwih dhisik.
      3. Bocah-bocah nalika ing pamulangan, saliyane diwulang kawruh liya-liya, becike iya diperdi bab tata krama.
      4. Nalika kasep utawa telat mlebu kelas, kamangka wulangan wis lumaku ora kudu matur dhisik, kena mbludhus bae mlebu kelas terus lungguh bangkune.
    28. Wacanen pratelan iki!
      1. Wong kang gawe geger ana ing pasamuwan utawa tontonan iku klebu tumindak kang ora becik, mula pantes ditiru lan ditindakake.
      2. Wong memisuh iku ala, patut ditiru utawa ditindakake dening bocah-bocah kang sopan.
      3. Wong mbebuwang ing papan kang katon dideleng wong liya iku ora sopan, ora pantes ditindakake dening bocah kang susila.
      4. Wong nganggo klambi ora dibenikake iku kurang apik, ora patut tumrape bocah-bocah kang ngerti tata krama.
      5. Bocah adus bebarengan karo wong akeh nganggo patelesan iku becik, mula pantes ditindakake dening bocah-bocah kang ngerti tata krama.
      Pratelan ing dhuwur iki, bab-bab kang kudu dingertekake marang bocah-bocah amrih bisa nindakake pakulinan kang becik, yaiku ......
      1. (1), (2), (3)
      2. (2), (3), (4)
      3. (3), (4), (5)
      4. (1), (3), (5)
    29. Wacanen andharan ing ngisor!
      1. Ora bakal lungguh karo sikil jigang ing sangarepe wong-wong kang durung ditepungi utawa wong kang pantes dihurmati.
      2. Ora bakal sisi. Yen kepeksa arep sisi, menyat metu dhisik, utawa saora-orane nyisih utawa mengo dhisik. Olehe sisi klawan migunakake kacu.
      3. Ora bakal angop klawan nutupi tutuke nganggo tangan. Malah yen bisa diketokna wong akeh, kareben wong liya weruh yen ngantuk.
      4. Ora bakal ngethoki utawa ngresiki kuku selagine jejagongan karo tamune.
      5. Ora bakal aweh pakurmatan marang wong tuwa yen ketemu ing dalan, senajan ta mung ndhingkluk utawa mesem wae.
      6. Ora bakal tudang-tuding, nudingi wong secedhake panggonane.
      Titikane wong kang ngerti tata krama, nalikane ana ing pasrawungan, yaiku ...
      1. (1), (2), (3), (4)
      2. (1), (3), (4), (6)
      3. (1), (2), (4), (6)
      4. (1), (3), (5), (6)
    30. Gatekna pacelathon antarane Pak Tono karo Pak Ali ing ngisor iki!
      Pak Tono : Pak, iki arep tindak ngendi, sajake kok wigati banget.
      Pak Ali : Arep nyang kantor, iki rak Pak Bupati arep rawuh ning kantorku, lha panjenengan ya arep tindak ngendi sajake kok ya repot ngono.
      Pak Tono : Iya, iki isih blanja kanggo slametane bapak, mengko sore panjenengan ya takaturi rawuh.
      Basa kang digunakake caturan Pak Tono karo Pak Ali, yaiku ............
      1. krama lugu
      2. ngoko lugu
      3. krama alus
      4. ngoko alus
    31. Panganggone basa krama alus kang trep ing ukara ngisor iki, yaiku ..............
      1. Bocah-bocah disrengeni Pak Guru jalaran wingi sore padha ora latihan pramuka.
      2. Bapak kondur saking kantor rikala ibu badhe tindak arisan ing dalemipun Bu RT.
      3. Bapak tindak kantor nitih sepedha onthel, amarga sepedha montore rusak.
      4. Bu, punapa sampeyan mangertos buku basa Jawa kula?
    32. Bapak, aku njaluk dhuwit kanggo tuku sepatu.
      Ukara ing dhuwur iki salah miturut unggah-ungguhing basa. Matur karo bapak kok nganggo basa ngoko wae, benere yaiku ....
      1. Bapak, kula nyuwun arta kangge tumbas sepatu.
      2. Bapak, kula nyuwun arta kangge mundhut sepatu.
      3. Bapak, kula nyuwun dhuwit kangge tumbas sepatu.
      4. Bapak, kula nyuwun dhuwit kangge mundhut sepatu.
    33. Siti iku pancen bocah ayu, pinter, tur tata kramane jangkep. Yen matur karo wong sing luwih tuwa tansah ngajeni, mesthi basa, luwih-luwih karo gurune, nanging gandheng isih ajar basa, basane sok kewolak walik. Tuladhane nalika matur karo Bu Tutik, arep pamit mulih jalaran untune lara, ature mangkene, “Bu kula nyuwun pamit badhe kondur rumiyin jalaran waja kula gerah.”
      Ature Siti marang ibune kuwi luput, benere …
      1. Bu kula nyuwun pamit badhe kondur rumiyin, jalaran untu kula sakit.
      2. Bu kula nyuwun pamit badhe mantuk rumiyin, jalaran waja kula sakit.
      3. Bu kula nyuwun pamit badhe mantuk rumiyin, jalaran untu kula sakit.
      4. Bu kula nyuwun pamit badhe kondur rumiyin, jalaran untu kula gerah.
    34. Tembung-tembung kang bener panulise manut tata panulise basa Jawa (EYD), yaiku ...
      1. Punapa panjenengan sampon pirsa bilih kula dhereng tetak?
      2. Sedela maneh Ujian Akhir Sekolah wis rampung.
      3. Aku dipundutake sepedha anyar dhening Bu De Sariyem.
      4. Pethitha-pethithi kaya kodhok kintel ditaleni ngono iku anggepmu apa?
    35. Panulisan ukara kang bener manut tata panulise basa Jawa (EYD), yaiku .........
      1. Apa pada sembrana, sedhela maneh kelas IX arep ngadhepi ujian nasional.
      2. Ibu mundhut telo goreng klangenane simbah putri.
      3. Bocah sakelas pada ngguyu, amarga polah tingkahe Santosa kaya dagelan kang lagi manggung.
      4. Pak Bupati lan poro andhahane pada nganakake pasamuan ing pendhapa kabupaten.
    36. Panulisan ukara kang bener manut tata panulise basa Jawa (EYD), yaiku .........
      1. Bocah-bocah pada bungah, amargo bisa nggarap ujian boso Jawa.
      2. Kutukku ditutuk nganggo dunak dening De Marwan.
      3. Kedhele, jagung, lan kacang iku klebu tanduran palawija.
      4. Aku saiki wis bisa moco lan nulis aksoro Jawa.
    37. Sang putri pranyata wanita sulistya ing warna, lamun dicandra luwih rupa kurang candra. Rambut ngembang mbakung, bathuk ......, idep tumengeng tawang, alise nanggal sepisan, irung ngudhup melathi, untu miji timun, tangan nggendhewa pinenthang, driji ...........
      Tembung kang trep kanggo njangkepi ukara panyandra ing dhuwur, yaiku .........
      1. ngulan-ulan, nawon kemit
      2. nyela cendhani, mucuk eri
      3. ngudhup turi, nduren sajuring
      4. nanggal sepisan, mokang gangsir
      Tembang Kinanthi iki wacanen kanggo mangsuli soal angka 38 – 39!
      Tumpakan rodhane telu
      tari Kecak saka Bali
      kebo wana aneng kandhang
      pethenthengan ra ngajeni
      bebek putih gulu dawa
      krasa lara trus mbanyaki
    38. Sapada tembang Kinanthi ing dhuwur iku wujude kaya cangkriman nanging batangane wis ana ing ukara bacute senajan ora dicethakake. Cangkriman kang batangane wis ana ing ukara bacute senajan disamarake, diarani ......
      1. bebasan
      2. paribasan
      3. wangsalan
      4. parikan
    39. Batangane cangkriman wacan dhuwur, yaiku ..
      1. Kecak, pethenthengan, mbanyaki
      2. bantheng, becak, banyak
      3. banyak, bantheng, becak
      4. becak, bantheng, banyak
    40. Mbok aja ............., Kang Tariman iku lagi wae lilih nepsune, lha kok kowe crita sing kaya ngono iku rak ndadekake nesu maneh. Bebasan kang trep kanggo njangkepi pratelan ing dhuwur, yaiku ….
      1. Nabok nyilih tangan
      2. Nututi layangan pedhot
      3. Gumrembyang ora adang
      4. Uthik-uthik macan dhedhe
    41. Yen kepengin urip mulya utawa nggayuh cita-cita kang dhuwur iku ya disranani sarana ragad. Tumraping murid wragade ya kudu sregep sinau, supaya dadi bocah kang pinter. Pratelan ing dhuwur cocok karo isine sesanti ..............
      1. Jer basuki mawa beya.
      2. Sadumuk Sapa salah bakal seleh.
      3. Sadumuk bathuk bathuk sanyari bumi.
      4. Rukun agawe santosa, crah agawe bubrah.
    42. Andum buku marang adhikmu loro wae kok ora adil, Anton kokwenehi buku lima, andi mung kokwenehi buku loro. Bebasan kang trep ing pratelan iki yaiku …
      1. Nututi layangan pedhot.
      2. Emban cindhe emban siladan.
      3. Lambe satumang kari samerang.
      4. Nganggo kudhung walulang macan.
    43. Ukara pambuka kang lumrah digunakake dening para penyiar televisi nalika maca berita yaiku ..
      1. Sugeng dalu para tamu undhangan, sugeng pepanggihan malih ing pahargyan prasaja ari kalenggahan punika.
      2. Sugeng dalu para rawuh saha sugeng pepanggihan ing adicara ingkang mirunggan punika.
      3. Sugeng dalu para pamriksa, sugeng pepanggihan malih ing giyaran Pawartos Basa Jawa kelangenan panjenengan punika.
      4. Sugeng dalu para pamiyarsa, sugeng pepanggihan malih ing giyaran Pawartos Basa Jawa kelangenan panjenengan punika.
      Wacanen sapada tembang Asmaradana ing ngisor iki kanggo soal angka 44 – 46
      Pethiken ingkang patitis,
      sarawung lawan bebrayan,
      bisa ngundhuh pikolehe,
      aja angkuh lan degsura,
      lan aja kumawasa,
      jer iku tindak rahayu,
      bakal slamet salaminya.
    44. Pitutur luhur (amanat) kang bisa dipethik saka tembang Asmaradana ing dhuwur, yaiku ....
      1. Wong srawung ing bebrayan (masyarakat) iku kudu pinter anggone milih kanca. Lan aja angkuh, degsura, apadene kumawasa supaya selamet salawase urip.
      2. Wong urip ing bebrayan (masyarakat) iku kudu pinter anggone milih kanca. Lan kudu angkuh, degsura, apadene kumawasa supaya selamet salawase urip.
      3. Yen kepengin ngundhuh asiling urip bebrayan lan selamet kudu angkuh, degsura, lan kumawasa supaya selamet salawase urip.
      4. Angkuh, degsura, lan kumawasa iku kudu dilakoni dening wong urip ing bebrayan utawa ing masyarakat.
    45. Gunggunge larik utawa jumlahe larik saben satembang (umpamane tembang Asmaradana ing dhuwur iku ana 7 larik) iku diarani ....
      1. guru wilangan
      2. guru lagu
      3. guru gatra
      4. dong ding
    46. Pathokane tembang Asmaradana, yaiku ....
      1. 8i, 8a, 8e, 8a, 7a, 8u, 8a
      2. 8i, 8n, 8e, 8a, 7a, 8u, 8a
      3. 8i, 8n, 8e, 7a, 8a, 8u, 8a
      4. 8i, 8i, 8e, 7a, 8a, 8u, 8a
    47. Taun 2013 aku kudu lulus.
      Ukara ing dhuwur iki yen ditulis nganggo aksara Jawa, yaiku ..
      1. ?taun\ ;2015;akukufululus\.
      2. ?taun\ ;2014;akukufululus\.
      3. ?taun\ ;2012;akukufululus\.
      4. ?taun\ ;2013;akukufululus\.
    48. ?k-aip+thlgif+iki/.
      Ukara iki yen ditulis nganggo aksara Latin, yaiku ...........
      1. Kyai Fatah lagi dhikir
      2. Kyai Fatah solat dhuhur
      3. Kyai Fatah wiwit dhikir
      4. Kyai Fatah dadi kusir
    49. ?spbismcaukraikilulus Hujiyn\.
      Ukara iki yen ditulis nganggo aksara Latin, yaiku ...........
      1. Sapa bisa maca ukara iki lulus basa Jawa
      2. Sapu, klasa, kaca, lan bulus iku basa Jawa
      3. Sapa bisa maca ukara iki lulus ujiyan.
      4. Sapa sing ora bisa maca aksara Jawa
    50. ?akuaikipinTe/nulisHkSrjw.
      Ukara iki yen ditulis nganggo aksara Latin, yaiku ...........
      1. Aku iki pinter nulis aksara Jawa
      2. Aku saiki bisa nulis aksara Jawa
      3. Aku iki pinter maca aksara Jawa
      4. Aku saiki bisa maca aksara Jawa



    Di upload oleh Amin Wahyudi

    SEKILAS
    AMIN WAHYUDI
    Sehari-hari mengajar di SMP N 1 Sluke. Mengampu mata pelajaran Bahasa Inggris.
    Selain mengelola blog sekolah (blog ini) dia juga punya blog pribadi yang dia maksudkan sebagai blog pendidikan.




































    Tidak ada komentar:

    Posting Komentar